Senin, 03 Februari 2014

NGURI-URI BASA JAWA

PARIKAN

Ana 2 jenis parikan yaiku :
1. parikan sing dumadi saka rong gatra (parikan tunggal)
2. parikan sing dumadi saka patang gatra (parikan rangkep)

Conto parikan tunggal:
- wedang bubuk, gula jawa
  yen kepethuk, ati lega
- wajik klethik, gula jawa
  luwih becik sing prasaja
- kripik gedhang, godhong telo
  sethithik edhang padha krasa

Conto parikan rangkep:
- esuk nyuling sore nyuling
  sulinge arek surabaya
  esuk eling sore eling
  sing dieling ora rumangsa
- omah gentheng saponono
  cagak pilar kapuren putih
  abot entheng lakonono
  ati susah bakale pulih

Sumber: Buku Pinter Basa Jawa Pepak